Peradaban Mesopotamia iku
peradaban sing urip mbiyen ing dhaerah
Mesopotamia kira-kira taun
3000 sedurung Masehi. Peradaban iki ngelairake kabudayaan sing lumayan dhuwur (wektu iku) saka bangsa-bangsa sing urip neng sekitar
kali Eufrat lan
kali Tigris.
Bangsa-bangsa sing ngembangake peradaban Mesopotamia yaiku Sumeria, Akkadia, Babilonia, Assyria lan Babilonia anyar.
Peradaban Sumeria
Bangsa iki umume ahli neng bidang
tani lan
dagang uga wis nduwe sistem pemerentahan sing ketata. Raja saka bangsa iki sing musuwur yaiku Ur Nanshe. Bangsa iki uga sing nemuake sistem etungan
sixagesimal, sistem
lingkaran 360 derajat uga etungan se
jam ana 60
menit, semenit ana 60
detik lan liyane.
Akkadia
Bangsa Akkadia iki sing ngalahke bangsa Sumeria, rajane sing misuwur yaiku Sargon.
Babilonia
Raja Babilonia sing misuwur yaiku Hammurabi, mrentah Babilonia wiwit taun 1948 nganti 1905 SM.
Assyria
Bangsa Assyria iki misuwur sebagey bangsa penakluk, pemerentahane nerapke sistem
militer. Rajane sing misuwur yaiku Assurbanipal. Bangsa iki akhire dikalahke bangsa Khalde
Babilonia anyar
Bangsa Khaldea ngalahke bangsa Assyria lan mbangun Babilonia anyar, rajane sing misuwur yaiku Nebukadnezar. Taun 539 SM, Babilonia anyar ditaklukake dening bangsa
Persia.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar